• KANAL BERITA

Mardika Sinau, Sinau Mardika

Dening Dhoni Zustiyantoro

Menteri Pendidikan dan Kebudayaan Nadiem Makarim ngendikakake yen guru lan siswa ing sekolahan kudu merdeka belajar. Nadiem ngandharake iku supaya guru lan siswa bisa luwih bebas lan ora kawengku dening paugeran-paugeran ora perlu, sing sasuwene iki dianggep gawe ribet lan gawe pendhidhikan bangsa kita kurang bisa nduweni daya saing kaya bangsa liya. Nanging kasunyatane, durung kabeh guru -- klebu guru basa Jawa -- wis mangerteni cakcakane (praktik) kepriye mardika sinau iku. Mula saka iku, pamawas mardika sinau perlu digenahake supaya ora gawe bingung, luwih-luwih gawe kisruh, satengahe pasinaon: kepriye konsep, cak-cakane lumantar rencana pelaksanaan pembelajaran (RPP), nganti gawe medhia ajar lan mulangake ana ing kelas. Cak-cakan saka pamawas mardika sinau iku wigati dimangerteni dening guru amarga, sanajan "bebas", guru nduweni kuwajiban kanggo gawe kelas bisa urip lan siswa bisa sinau kanthi rasa seneng. Apamaneh, suwene iki dimangerteni yen pasinaon basa Jawa asring "kejawil" minangka pelajaran sing kurang nyenengake.

Kanthi mangkono, mardika sinau mesthi ditegesi minangka pepinginan kanggo bebasake lan ngembangake pasinaon supaya guru lan siswa ora mung kawengku marang paugeran lawas kang batesi pamulangan. Sacara basa, tembung "mardika" uga ngemu teges yen kepengin bongkar paugeran lawas kang wis dadi tradisi. Sajrone pendidikan kang kudu tansah owah lan nut lakune jaman, iku pancen samesthine wis dadi paugeran. Owah-owahan iku temtu adhedhasar endi kang becik lumantar elmu uga maneka sumber kang bisa diconto. Pasinaon lan pendidikan ora ana enteke lan ora ana rampunge, ora ana kang final, klebu cara mulang lan materi kang diwulangake. Iku bisa sinebut bebayani amarga samubarang bab kang mandheg bakal ndadekake zona nyaman. Mandheg uga ateges ora gelem sinau saka kahanan kang tansah owah. Basa Jawa minangka muatan lokal ing pamulangan sekolah mesthi digawe luwih nyenengake siswa. Ukuran seneng iku temtu yen sapa wae sing nglakoni ora kabotan, kepara kepengin sinau luwih temen. Nah, supaya bisa kaya mangkono, punjere ora liya saka guru kang gawe pamulangan kang nyenengake siswa. Iku ora bakal kelakon yen ora ana pepinginan kanggo mardika.

Kelangan Ruh

Darmaningtyas sajrone Pendidikan Rusakrusakan (2005) ngandharake, pendidikan ing Indonesia kelangan ruh minangka sarana transformasi sosial amarga dirusak dening panguwasa lan para paraga pendidikan iku dhewe. Kamangka, miturut dheweke, pendhidhikan iku sarana nemtokake sujarah lan majune bangsa. Iku padha karo apa kang disebutake Soekarno, yen merosote akal lan pikiran iku dadi bencana kang paling gedhe tumrap bangsa. Nalika warga luwih akeh kang bodho, bangsa dadi ora duwe daya. Panguwasa lan bebrayan padha bingung arep nglakoni apa. Tanah kang subur lan dadi mubadir amarga ora ana kang bisa ngolah dhewe, kudu dipasrahake marang kang luwih pinter lan duwe sarana. Iku dadi mulabukane penjajahan dening Walanda ing bangsa kita. Mula saka iku, lumantar pendidikan kita diajak kanggo sinau mardika: mardika marang pamikir kang bodho, kang ora gawe majune pamikir, nanging tetep nengenake kamanungsan. Apa kang pungkasan sinebut iku wigati amarga aja nganti elmu lan kaprigelan kang dinduweni aja nganti dadi sarana minteri liyan.

Minteri ateges sarana kanggo ngereh liyan kang ora duwe daya lan kaprigelan. Ya, kaya ujare Tan Malaka, "Bila kaum muda yang telah belajar di sekolah dan menganggap dirinya terlalu tinggi dan pintar untuk melebur dengan masyarakat yang bekerja dengan cangkul dan hanya memiliki cita-cita yang sederhana, maka lebih baik pendidikan itu tidak diberikan sama sekali." Ateges, sajrone sinau mardika, kita uga ngupayakake kamardikane liyan kang uga katindhes lan kalindhes. Pendhidhikan ing kene uga ateges upaya kanggo nggayuh kamardikane bebrayan. Iku supaya elmu, minangka punjere kaunggulan manungsa modheren, ora digunakake kanggo jajah. Nambah elmu, saliyane ngupayakake transformasi sosial, uga saorane supaya ora keri dening lakuning jaman. Wis suwe ilmuwan Barat ngandharake yen, "Nyinaoni uga ateges nguwasani." Mardika sinau mung bisa dilakoni yen para guru ora kabotan dening tugas liyane. Ora dadi wadi maneh yen guru rumangsa kabotan gaweyan ing sekolahan amarga kudu ngisi maneka tagihan kinerja, laporan, lan gawe maneka pakaryan administratif. Panaliten uga asring nyebutake yen gaji sertifikasi sing gunggunge padha karo gaji pokok iku ora dadi sarana ningkatake kaprigelane guru menehi pamulangan ing kelas.

Luwih saka maneka pamikiran kang samesthine kaya disebutake dening Nadiem Makarim, bisa uga mardika sinau dadi wiwitan tumindak liyane. Tumindak kang ora mung kanggo awake dhewe, nanging bisa uga migunani tumrap liyan, majune bangsa, lan ora mentingake golongan. Bab mangkono kaya kasilep amarga politik praktis kang pragmatis sawetara wektu iki ndadekake kita bisa tansah cubriya lan ora jenak srawung marang kanca. Sacara pamawas kabudayan, mardika sinau bisa dadi sarana balekake siswa dadi manungsa mardika sajrone sinau. Kamardikan kang sinebut ora liya bisa ngembangake dhiri lan duwe pamawas kang jembar. Wis makaping-kaping kita maca sujarah yen bangsa kita bisa mardika amarga para pejuang wektu semana duwe angen-angen kang gedhe marang kamardikan. Saiki, kamardikan kudu tansah disinaoni lan dicakake. Ya, mardika bisa diwiwiti saka pamikir kang ora kawengku lan katindhes.

- Dhoni Zustiyantoro, mulang ing Program Studi Sastra Jawa Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang


Berita Terkait
Baca Juga
Komentar