• KANAL BERITA

Ratu Karnapal

YEN raja lengser keprabon, putra pembayun kang bakal
ngganteni. Ora kudu jaler, estri uga oleh lungguh ing dhampar
kencana. Paugeran iku wis lumrah ing Tanah Jawa nganthi
Jaman Majapahit. Ing sujarah nyatet ana Shima ing Kalingga,
Pramodawardhani ing Medang (Mataram Kuno), Tribhuwana
Wijayatunggadewi lan Suhita ing Majapahit.
Awit jaman Demak, paugeran ing babagan sapa kang dadi
ratu wis beda. Kudu lanang. Tekan jaman Karaton
Ngayogyakarta Hadiningrat lan Karaton Surakarta Hadiningrat
uga mengkono. Ora mokal rikala Sultan HB X paring ''Sabda
Raja'' ing taun 2015 kang ngganti sesebutan saka
Hamengkubuwana dadi Hamengkubawana lan ngangkat kang
putri pembayun dadi Putri Mahkota, dadi lan gegere ing
kulawarga kraton. Mbuh piye dadine saiki, aku ora ngikuti
maneh.
Sing baku, sapa kang dadi ratu kuwi kudu turun saka ratu.
Dadi ajaa awaku kang drajate wong aceplik bisa lungguh ing
dhampar kedhaton, kang kalebu sentana sang ratu uga tangeh
lamon kok.
Iku ing kasunyatan, kalebu kasunyatan sujarah. Yen ing
crita, mbuh kuwi pewayangan, folklor, babad utawa legenda ya
akeh wong tanpa nasab cetha nduwe nasib luhur. Sapa wae
kang babar blas dudu ''tedhaking kusuma, rembesing madu''
bisa kondang makantar-kantar dan munggah lungguh dadi
ratu. Petruk nate dadi ratu. Damarwulan kang miturut crita
mung nom-noman tukang ngarit bisa dadi ratu.
Kamangka ora ana wong, lanang utawa wadon, kang ora
pengin nduweni kuwasa, ing apa wae ing endi wae, saka kelas
endhek-endhekan nganti paling dhuwur. Nganggo cara apa
wae bakal dilabuhi satemah bisa nyekel kuwasa.
Aku nate krungu ana pilihan ketua RT kang dadi regejegan
antara para calon. Iku apa yen dudu krana mendem gadhung
eh mendem ''alkursiyun''? Apa ya Ketua RT bisa paring Sabda
Ketua Rukun Tetangga utawa Peraturan Ketua RT utawa Dekrit
Ketua RT kang isinya kudu ditulat sapa wae ing wilayah RT
kasebut? Aku ora nate krungu kang mengkono.
Balik ing prekara keraton, nilik sujarah lan crita-crita,
ngadekake kraton kuwi ora gampang. Kudu dilabuhi nganti toh
nyawa wutahing ludira. Sing dadi ratu uga kudu wong sing
biyasane kagambarake ''sekti mandraguna teguh senjata
tawa''. Aku ora nate maca utawa krungu crita, dumadakan ana
kraton saratune pisan ngadeg lan nduwe kawula. Yen ngikuti
cara mikir kang mengkono, miturutku Toto Santoso lan Raden
Rangga kuwi kalebu wong linuwih.
''Loh piye toh? Lah wong-wong lagi gegeran, semune nyacat
marang Toto Santoso Sang Raja Keraton Agung Sejagat lan
HRH Rangga kang dadi tetunggule Sunda Empire, kok kowe
ngalembana?'' Jon Lebay, kancaku ngintrupsi.
Kanthi mesem, aku mangsuli, ''Bisa ngadekake kraton ing
jaman kiwari kaya mengkene, ing jaman sing jarene wis disruptip,
wis Era Revolusi Industri 4.0, kok ya nganti nduwe kawula
atusan cacahe, setor iuran maneh, apa kuwi ora mbukteake
wong kang unggul?''
''Tapi kaya Toto kan ya wis ngakoni yen kabeh apus-apusan?''
''Takwalik ngene, oh Jon Lebay kang minulya. Atusan
wong kaapusan kuwi merga saking pintere sing ngapusi apa
merga saking ora pintere sing diapusi? Wangsulana kuwi.''
''Dadi kowe nganggep sing ngawula ing Kraton Agung
Sejagat kuwi wong-wong bodho?''
''Ya ora ngono. Aku ora nduwe hak ngarani, apa maneh
tumrap wong-wong sing aku ora kenal. Yen pengin ngerti
motipe wong-wong kuwi bisa kepilut, ya talitinen.
Wawancaranen. Wah kowe malah bisa nerbitke buku, Jon.''
Sawise Jon ora caturan maneh, aku ngajak dheweke
sarwa sante, ''Digawe humor wae, Jon. Nggo guyonan wae.
Malah kudune maturnuwun karo Paduka Toto lan Sinuhun
Rangga amarga awake dhewe diwenehi tontonan kang banget
nyenengake. Ora perlu digawe sepaneng lan parno, apamaneh
sinis. Biyasa-biyasa mawon nggih?''
Kancaku kang uga kerep nyerat ing Pamomongiki, yakuwi
Dhoni Zustiyantoro, nyerat ing laman theconversation.com
prekara kuwi. Miturut dheweke, sikap masyakarat kang sinis
marang kasus Kraton Agung Sejagat kuwi bakal ngancam
kabudayan Jawa.
Aku sarujuk yen tumrap kasus kraton-kratonan kuwi ora
kudu disinisi apa maneh mrembet marang kraton-kraton liyane
ing Tanah Jawa, kraton-kraton kang sanad lan garise cetha.
Apa maneh, kraton kuwi pranatan kang dadi salah sijine cagak
kabudayan.
Aku uga sarujuk, rasa sinis kang mengkono iku pancen
ngancam kabudayan. Nanging kaya sing daksampekake kanthi
Whatsappmarang dheweke, ''Ora prelu parno. Kabudayan
Jawa ora bakal ilang mung saka kuwi, saka prekara kraton-kratonan.
Anggepen kuwi mung mambu (ngapunten para maos)
enthut kang banget bacine. Geger sawetara tapi ora ngowahi
apa-apa. Wis tah anggepen Toto tuwin Sang Prameswari Mbak
Fani uga Kangjeng Rangga lan para kawulane kuwi mung kumpulan
wong kang arep nggawe karnapal. Ana sing memba ratu,
ana punggawa, lan ana kang dadi kawula. Yen ana prekara
kriminalitas, ya kuwi urusane Pak Polisi. Ngaten mawon,
pripun?''(28)


Berita Terkait
Baca Juga
Komentar