BLENCONG

Ketungkul Kalungguhan

Dening Danang Cahya Firmansah

Ing pucuking Gunung Batuwara, Prabu Kanwa anteng lungguh. Pikirane ngulandara, ngelingi kedaden sing nggawe susahe ati. Dene iku angin ngusap-usap sesuketan, uga ngusap rikmane sang brahmana tuwa kang wis mlumah tanpa daya, tanpa nyawa. Ujare pungkasan sang resi isih nyumpeli talingan, ”Sira bakal mati kanthi ketiban sengsara, ora suwe saka matiku!” Prabu Kanwa ngadeg.

Banjur nyawang dhadhane sang brahmana kang isih tumancep curiga. Getih isih mili, nelesi dhadha, mblabar nelesi kisma. Atine sansaya susah. Prabu Kanwa nyawang tangane dhewe. Tangan kang kebak kaluputan. Mripate ngecembeng luh, panyawange dadi samar-samar.

Sang prabu mlaku alon, ngedoh saka ragane Resi Prakempa. Nanging suwara iku ora mung nyumpeli pangrungune, saiki kaya rumasuk melbu gawe horoge kalbu. Dudu mati sing nggawe susahe ati, batine Prabu Kanwa. Dudu mati, merga mati dudu urusanku. Kang dadi urusanku iku piye anggonku urip sadurunge mati.

”Jebul, lakuku kleru,” ucape lirih. Prabu Kanwa ngelingi maneh awit dheweke krungu yen Dewi Sriganarti ilang saka kraton. Anak kang dadi mustikaning ati iku ilang tanpa ana kang ngerti. Para punggawa kraton melu nggoleki nanging ora ana kang mrangguli.

Jebul Karungkala kang nyulik sang sekar kedhaton, sawise Prabu Kanwa antuk kabar saka Raden Sengkan. Ora nganti mawulan-wulan Dewi Sri digawa bali dening Sengkan. Atine sang prabu kaya kajugrugan wukir sari, kecemplung segara madu. Awit iku kalorone, Sengkan lan Dewi Sri kajatu krama.

Prabu Kanwa percaya, yen Sengkan kang bisa njaga anake. Wengine, ing wengi sepisanan temanten iku, Karungkala teka, mateni Sengkan, nggawa lunga Dewi Sri. Prabu Kanwa ngerti, kaget makaping-kaping. Ati kang seneng ketiban pambeng. Prabu Kanwa murka.

***

Prabu Kanwa bali nyedhaki ragane Resi Prakempa. Nyawang pawongan sepuh iku kang blabaran getih, nggawe panyawange Prabu Kanwa perih. ”Kenangapa aku tumindak mangkene? Aku nglurug Kraton Pidanapura, sakabehe punggawa uga para pandhita taktumpes tapis, nek bisa nganti sacindhil abange.

Aku ora lila yen wong kang nyulik anakku, mateni anak mantuku dadi pangarsaning wong-wong. Wong kang lakune mangiwa ora bisa dadi pangarsa.” Nanging Karungkala durung mati. Para prajurit njagani mbelani.

Prabu Kanwa terus maju, nggawe satru, mateni maewu-ewu nyawa. Nyawa kang tanpa salah lan dosa. Prabu Kanwa lungguh ing sandhinge resi. Saiki pikirane kang salah saya kuwat lan ngrembaka jroning dhadha. Nalika mengkono Patih Jakapuring teka. Tekane ora ngganggo sembah jaja kaya biasane.

Praupane katon kuciwa, nyawang Prabu Kanwa. ”Prabu, kenangapa nganti kedaden kaya mangkene? Wong-wong kang ora salah melu kesrakat, sekarat nemahi pati?” Prabu Kanwa datan nyauri. Dheweke mbatin, patih kang setya tuhu ae wus mengkono solahe, apa maneh wong njaba, wong liya.

Nanging Prabu Kanwa ora gela perkara iku. ”Aja maneh Jakapuring, aku ae ngrasa jijik marang ragaku,” batine. ”Prabu, wong durjana iku bisa lair saka wong apik kang ketungkul kemareman, kalungguhan, lan kadonyan!” Jakapuring lunga. Prabu Kanwa meneng, pikirane isih ngulandara. (28)

- Danang Cahya Firmansah, alumnus Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang


Berita Terkait
Baca Juga
Komentar