PRINGGITAN

Dur(Adi)sasana

Dening Saroni Asikin

Kala-kala nggo isen-isen jejagongan, awakku nakoni kanca-kanca, ”Tokoh wayang sapa kang mbokidolaake utawa kang pantes sinudarsana?” Ana kang nyebut Puntadewa, Werkudara, Kresna, Semar, lan sing ngidola karo lelananging jagad Permadi utawa Janaka utawa Harjuna iku kepara akeh.

Tokoh wayang saka kulawarga Pandhawa umume dadi pilihan. Genten aku pinakonan sapa idolaku. Aku mengsuli, ”Dursasana.” Biyasane kanca-kanca kaget. ”Geneya? Dheweke lak Kurawa. Sipate ala, malah kepara jahat.” Padatan saben aku ora wangsulan.

Arang utawa mokal ana wong Jawa kang ngidolake tokoh kulawarga Kurawa. Iku merga akeh uwong mbiji tokoh wayang kanthi dikotomis ireng-putih, alabecik, luhur-asor. Sapa kang kalebu kulawarga Pandhawa kabiji becik bebudene.

Kosok walike, kulawarga Kurawa lan wadyabalane kepara ala bebudene, asor tumindhake. Gebyah uyah (iki sing digebyah mesthi dudu uyah impor, ya cukup uyah kang saka banyu segarane dhewe sing turah-turah, he-he-he...).

Tapi para maos, awakku seneng karo tokoh Dursasana kususe kang kababar dening dhalang Ki Anom Suroto. Bener, yen Ki Anom nyandra Dursasana, candrane akeh eleke ketimbang becike. Malah mastani jeneng Dursasana wae jarene ìdurî kuwi goroh, ”sasana” iku panggonan: panggonane wong goroh.

Dadi yen ing jaman ing tembe, Dursasana bisa diarani Raja Hoaks. Kususe ing Paseban Jaba, Ki Anom kerep nyandra Dursasana Satriya Banjarjunut kuwi ing antarane kasebut nakal, mbrengkele, sugih reka, miyar-miyur tekade, adrengan, kalem olah asmara, ora sembadan, lan liya-liyane.

Senajan mengkono, ana panyandran kang apik lan dadi pethingan yakuwi Dursasana seneng aweh utawa dermawan. Tapi sapa sing wani nakokake lan nyoba ngelingake Sengkuni pinuju arep gawe laku culika? Ora liya ya Dursasana (kala-kala Ki Anom ìnyilihî tokoh Durmagati).

Tukang protes tumrap pangrencana laku ala iki sing gawe aku kesengsem karo dheweke. Senajan pungkasane tetep kalah karo mbeguguk ngutha watone Sengkuni, wis wani protes marang tumindhak ala iku sikap kang becik miturutku.

Dursasana kang diwastani panggone wong goroh uga durung dakbukteake. Aku durung nemoni lakon sing mbabar tumindhak gorohe si Satriya Banjarjunut kuwi. Apa maneh sabenere arang lakon kang ndadeake Dursasana dadi pusat crita.

Ing Mahabharata anggitan Kresna-Dwipayana Vyasa utawa ing pewayangan Jawa mung ana rong bagiyan crita kang ngususke crita tokoh Dursasana, yakuwi rikala Dursasana ngudhari busanane Drupadi ing bagian ìAdu Daduî lan prang Bharata dina pungkasan sewaktu dheweke adhepadhepan karo Werkudara lan dadi tiwase.

Dur kang diwastani ”goroh” (uga ana kang ngarani ”jahat”) ing cara basa Indonesia kaanggep tembung klitik (sakdurunge kerep kasebut ”kata terikat”) kaya tah adi, nir, pra, pasca. Ananging nyatane ”dur” durung kaleboake dadi tembung klitik basa Indonesia. Apa maneh jeneng asline miturut cara India yaiku Duhsasana.

Dadi sepisan maning aku seneng karo sikap wong kang tansah protes karo laku ala lan kerep ngetoake otokritik kaya Dursasana. Apa maneh, uga lumantar Ki Anom, Dursasana kerep ngendhika, ”Tenan kok, Man, ambak kula Kurawa, tapi kula remen marang kabecikane Padhawa.

Kula nulat laku kautamane Pandhawa.” Ing kono aku mastani arane Dursasana dudu ”panggonanane wong goroh”, utawa ”panggonane wong jahat”, nanging ”panggonane kleru”. Panenggak Kurawa wingking saking Banjarjunut kuwi mung satriya kang manggon ing tempat kang ora tepat.

Cekak aose, Dursasana kaya Kumbakarna ing epos Ramayana, ora bisa milih nang endi lan milih sedulur kandung. Dursasana ora bisa nyilaki menawa dheweke kuwi adine Duryudana, dadi anggota kulawarga Kurawa. Samono uga Kumbakarna, dheweke ora bisa nerak wis kinodratan dadi adine Rahwana.

Wong kaloron kuwi padha, padha wis iktiyar meling marang tumindhak kang muring tata senajan ing pungkase tetep mbela kulawargane. Wong kaloron kuwi bedha karo Wibisina, adine Rahwana, kang milih dadi balane wong kang dadi mungsuhe sedulur lan negarane.

Crita wayang pancen dudu crita kang tokoh-tokohe kudu dipacak mligi siji karakter. Maksude, yen ala, ya ora ala kabeh. Yen becik ya ora becik kabeh. Dudu ireng-putih. Dursasana, uga Kumbakarna, ora tau ndungkap rasa gela wis katitah manggon ing panggonan kang kleru.

Dadi, Dursasana uga ora prelu ngubah aran dadi Adisasana kareben bisa diwastani wong kang manggon nang panggonan becik. Tapi ing panemuku, lan yen aku oleh menehi jeneng anyar, ndeleng saka sikape Dursasana kang ora tau seneng lan nyoba protes karo laku ala, dheweke pantes diarani Duradisasana.

Panjenengan bedha panemu nggih mboten dados prekawis kang wigatos. Ingkang baken, menawi panjenengan dhawah wonten panggonan kang sae, kang adisasana, sampun kesupen panjenengan kula aturi sujud sukur marang Gusti kang Murbengrat. (28)


Berita Terkait
Baca Juga
Komentar