Ngimpi Oleh Kursi

Dening Dhoni Zustiyantoro

SM/bukalapak.com
SM/bukalapak.com

Ora kabeh pangarsa bisa milih sapa kang pas kanggo lungguh ing kursi kang trep marang kaprigelan lan pengalaman. Kasunyatan sasuwene iki mratelakake yen kursi jabatan mung didhasari politik transaksional lan pepinginan panguwasa. Pungkasane, rombongan kang sadurunge rame bebela banjur padha rebut, kepara nganti ngimpi oleh kursi.

Sajrone kabudayan Inggris, ana unen-unen kang misuwur, yaiku right man on the right place. Iku amarga kanthi mapanake wong kang pas sajrone barisan pamarentah, apa kang dadi paugeran kanggo njurung apa kang dadi ancas pamarentah bisa kalakon kanthi samesthine.

Cara milih kang pancen ora maneh objektif, ateges ora ana campur tangan saka bebrayan, pancen ndadekake wong-wong kang banjur lungguh ana kursi iku mung dadi wong kang disenengi lan cocog marang panguwasa. Pancen, isih ana saka saka jaba golongan paraga politik kang dijaluk, nanging ora akeh.

Nalika bebrayan nduweni kekarepan supaya kursi dilungguhi dening para profesional, yaiku wong-wong kang pancen wis duwe rekam jejak kang cetha lan nyata asil kerjane, apa pangarsa lan wong sakiwa-tengene isih padha nggape? Pungkasane janji politik kang dikarepake kalaksanan mung lumaku kurang tumemen. Kita ora kepengin sajrone politik bebrayan mung digatekake wektu pilihan.

Kita ora kepengin pangarsa kang mimpin, apamaneh nganti kepilih maneh, nemoni kahanan kaya mangkono. Mula pangarsa perlu dikawal dening bebrayan supaya tetep bisa bebela marang bab kang samesthine. Aja nganti kang dipilih mung adhedhasar seneng lan cocog nanging kurang bisa nyambut gawe kanggo bebrayan.

Sapa kang dadi pangarsa lan ing ngendi wae perlu sinau marang kahanan kang wis kawuri supaya nemahi karaharjane bebrayan. Sajrone sujarah Jawa, wong-wong kapercayan pangarsa iku nganti seprene isih dielingi lumantar karya lan tumindake. Kita mangerteni para pujangga kaya Ranggawarsita lan Yasadipura.

Sadurunge mangsa iku uga ana para empu, kaya Empu Kanwa, Empu Sedah, Empu Tantular, Empu Tanakung, Empu Prapanca. Kita mangerteni ing Jaman Kediri ana Jaya Baya (1135-1157) kang dianggep bisa ngramal mangsa saiki, bisa nggragapi abad 20 ing tanah Jawa.

Bisa Dipercaya

Linus Suryadi AG sajrone Dari Pujangga ke Penulis Jawa (1995) nyebutake menawa raja pancen bisa urip dhewe. Raja butuhake wongwong kang bisa dipercaya kanggo nglakoni maneka warna pakaryan lan tugas kang magepokan marang tanggung jawab kang gedhe. Pancen, sajrone sujarah, wong-wong iki ora nate mlebu cathetan.

Sujarah akeh-akehe mung ngrembug para pemimpin kang kasil bisa bangun praja utawa suwalike: numpes sapa kang sadurunge dadi punjere adil. Sujarah iku duweke wong kang menang, mangkono asring kita krungu. Sajrone kraton, ana sesebutan nujum kraton lan pujangga kraton. Kadhangkala keloro sesebutan iku digunakake marang wong kang padha.

Tegese, nujum kraton uga bisa dadi pujangga, nanging bisa uga beda amarga ora kabeh pujangga bisa dadi nujum. Nujum ing kraton dipercaya dening raja kanggo menehi pamawas ngenani kahanan kraton. Sajrone pamawas iku, nujum menehi pamawas supaya kahanan tansah kejaga utamane ngenani karaharjan lan katentreman bebrayan.

Ora mung iku, raja uga bisa jaluk supaya apa kang diimpekake mau bengi dijlentrehake, supaya bisa jumbuh marang kahanan ing alam kasunyatan. Marang kahanan kasebut, pangarsa sajrone kabudayan Jawa ora bisa uwal saka kapercayan ”sabda pandhita ratu tan bisa wola-wali”. Raja nduweni kawigaten supaya bebrayan kang dipimpin ora ilang rasa kapercayan marang panguwasane.

Ing kene, dimangerteni yen sadurunge ngandharake sabdatama marang bebrayan, raja bakal rembugan luwih dhisik apa kang bakal dingendikakake marang kang wis dadi dipercaya iku mau. Kawibawan pangarsa kasil amarga wis disiyapake. Pujangga nalika semana nduweni jejibahan kanggo nganggit karya sastra.

Yen kita waca saiki, kaya-kaya pancen nggambarake kahanan kang lagi kedadeyan. Mula ora mokal yen akeh kang nyebut pujangga uga nujum utawa ahli ngramal. Nanging yen ditiliki saka kasunyatan, maneka tulisan sastra iku sejatine refleksi saka apa kang kedadeyan kang uga ana ing jaman semana.

Kita cuba maca maneh maneka pawarta kang kasil ing jaman semana, kaya ing majalah Darma Kandha, Kejawen, Mardi Siwi, utawa liyane. Ing taun 1900-an utawa luwih saka 100 taun kepungkur, upamane, wektu semana wis dikuwatirake yen kabudayan lan basa Jawa bakal luntur. Tegese, sacara kasunyatan pancen kabeh iku wis ana ing jamane dhewe-dhewe.

Iku amarga sastra pancen bisa dadi sarana nyawang kahanan jaman nalika sastra iku digawe. Pancen, ora bisa dibayangake kraton tanpa nujum lan pujangga, yaiku wong kang dipercaya dening para raja. Iku padha karo kita ngira pangarsa tanpa wong kang bisa nyambutgawe ing sakiwa-tengene lan nyepaki maneka kabutuhan.

Nanging, salah milih uga bisa nemu bilahi amarga wong kasebut bisa uga nduweni kawigaten kang beda: kepengin njongkeng kawibawan, nglengserake, lan menehi pamanggih kang beda. Ya, ing burine pangarsa kang bisa ngangkat derajat bebrayan, tansah ana wong-wong kang dadi ”dhalang”.

Wong-wong kang sejatine luwih ngerti lan menehi pamawas marang kang lagi nyekel pusarane adil. Mula, yen kursi ora dilungguhi dening wong kang trep, kahanan praja bisa uga suwalike: kocar-kacir, congkrah, lan adu-adu. Upama saiki lagi krasa kahanan kaya mangkono, apa pancen kursi sakiwa-tengene kang lagi mimpin dilungguhi dening wong kang kurang trep marang kaprigelane? (28)

- Dhoni Zustiyantoro, mulang ing Program Studi Sastra Jawa lan panaliti ing Pusat Kajian Budaya Pesisir Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang


Berita Terkait
Baca Juga
Komentar