Nalika Kudu Sabar lan Narima

Dening Dhoni Zustiyantoro

Patrap sabar lan narima dianggep dadi perangan wigati saka bebrayan Jawa. Sejatine apa kang ana ing sajrone patrap kaya mangkono? Apa mung dadi pangayem-ayem lan dadi lelandhesan kanggo ora ngupadi luwih tumemen? Kanggo bebrayan modheren, ora sithik kang nduweni panemu menawa sabar lan narima iku ora luwih saka patrap kang ora cetha.

Ya, iku amarga sajrone ngupadi kanggo nggayuh ancas, maneka warna cara kudu dilakoni. Kabeh dilakoni kanthi nengenake patrap kang rasional, tinemu nalar. Gegayutan marang bab sabar, kabudayan Jawa ora kurang ukara kanggo ajak-ajak bebrayan supaya bisa nduweni laku sumarah. Iku uga upaya kanggo ngelingake yen sejatine ana daya liya sajabane manungsa kang bisa mutusake maneka warna kedadeyan.

Sajrone Wulangreh ing pupuh Asmaradana, dijlentrehake manawa wong kang sabar lan narima iku bakal dawa umure, akeh kanca, lan gampang antuk tamba yen lara. Ana tulising Hyang Widhi/yen wong sabar lan narima/ginanjar dawa umure/sugih kadang lawan mitra/kinacek ing sasama/lamun lara wong iku/gampang nggone antuk tamba.

Tembang kasebut sejatine wis menehi maneka pitutur. Kita mangerteni menawa patrap sabar lan narima ngajarake supaya ora nggege mangsa lan ora ngangsa. Manungsa mung diwenangake ngupadi, nanging maneka bab liya kang ana ing sajabane. Nanging, ing kene sok akeh wong padha kleru tampa. Maneka tembung kasebut dianggep dadi lelandhesan ora ngupaya luwih kanggo makarya lan nggayuh ancas. Kamangka, yen diudhari, sabar lan narima wis samesthine kasarira, bebarengan marang maneka upaya kang dilakoni.

Mula, yen isih ana wong kang durung ngupadi kanthi tumemen lan mung “masrahake” apa kang kedadeyan ing mengko bakal tinakdir, sejatine durung mangerteni samubarange. Sabar uga magepokan marang bab ngalah. Kita mangerteni unen-unen “wani ngalah luhur wekasane”. Nanging, apa iku uga mung dadi pangayem-ayem kanggone wong kang wis ngalah? Apa ngalah mesthi ngatonake wong kasebut bakale ina lan ora duwe daya? Sejatine ora.

Ngalah kepara mratandhani kadiwasan. Ukara “wani ngalah” uga minangka pandakwa yen kasunyatane ora kabeh bisa lan wani ngalah. Iku amarga kabeh wong kepengin menang lan unggul tinimbang liyan. Laku ngalah uga bisa bebayani tumrap kang menang, yaiku wong kang milih ngalah bisa uga lagi leren sawetara lan nyiapake maneka werna kabutuhan kanggo menang ing palagan bacute.

“Pintere den alingi, bodhone den dokok ngayun”, mangkono unen-unen kang dipercaya bisa nuntun marang bebuden luhur. Kabudayan Jawa mangerteni sapa wae kang kepengin menang isih nduweni nepsu kanggo nguwasani liyan. Nepsu iku sok njalari marang tindak srakah, sanajan ora kabeh wong kang kaya mangkono. Sajrone crita wayang, amarga laku sabar lan narima, Dewi Sawitri bisa ngowahi takdir. Wanodya kang sarwa elok lan setya iku bisa nguripake maneh Bambang Setyawan kang wis dijipuk nyawane.

Nalika ramane, Prabu Haswapati, ngadani sayembara kanggo golek sisihan kanggo anake iku, Sawitri pancen wis milih Setyawan sanajan Sang Hyang Yamadipati wis mutusake yen umur Setyawan mung kari setaun. Kanthi laku sabar lan tekun, ngatonake yen dheweke pancen setya tuhu. Pungkasane, wektu Setyawan wis dijipuk nyawane, Sawitri bisa nyuwun marang Yamadipati. Tetes luh Sawitri kang tumiba ana pipi Setyawan bebasan bisa mbalekake nyawa kang wis oncat iku mau.

Wulan Sura

Kanggo bebrayan Jawa, Sura bisa dadi sarana ningkatake amal kabecikan. Sura uga wektu kang pas minangka pepeling marang samubarang, menawa wis wancine dielingake. Ya, lumantar prihatin ing wulan Sura, bebrayan Jawa digegulang meper hawa nepsu. Nanging, durung nganti mangerteni “sangkan paraning dumadi” minangka asil mawas dhiri, kita sok ora kurang cara kanggo mbenerake tumindak kleru.

Wusanane, nyalahake liyan dadi pakulinan. Mula saka iku, Sura dadi sarana kanggo mawas dhiri pribadi: ora nyalahake liyan, paribasan nyuba ngilo marang githok dhewe. Ya, sanajan gampang diucapake, kasunyatane ora kabeh bisa nglakoni. Luwih-luwih nalika dhiri dikuwasani dening nepsu kadunyan. Bab kang paling gampang temtu nakonake kurange dhiri sadurunge nyacad liyan.

Apa wis luwih bener lan pener dalan kang dituju? Apa wis luwih becik tumindak lan laku padinan? Prihatin lan nyingkiri nepsu kadunyan bisa dadi upaya kanggo nyawang dhiri pribadi. Sajrone pupuh Sinom sajrone Wulangreh, Pakubuwana IV nulis ngenani watak utama saka manungsa Jawa kang samesthine “ora minteri”.

Ambeke kang wus utama/tan ngendhak gunaning jalmi/amiguna ing aguna/sasolahe kudu bathi/pintere den alingi/bodhone dinokok ngayun/pamrihe den inaa/mring padha padhaning jalmi/suka bungah den ina sapadha-padha. Tembang iku dadi sarana mawas dhiri. Satengahe kahanan kang sapa wae kepengin katon pinter lan kepara minteri, kita malah diajak nutupi pinter, ngatonake bodho supaya diina.

Sajrone kahanan diina, kita bakal mangerteni lan ngukur nganti tekan endi jerone ngelmu kang lagi ngina. Saiki, nepsu uga awujud maneka werna. Temtu ora kabeh nepsu ala wujude. Nepsu becik antara liya kepengin mujudake kahanan sansaya becik, kepengin luwih ngerti, bisa migunani tumrap liyan, lan sapanunggalane.

Nanging, nalika kabeh iku dilakoni kanthi ora becik, tundhane uga bakal nemu bilahi. Ya, niyat becik uga mesthi dilakoni kanthi cara-cara becik. Mula, mangga meper nepsu ing wulan Sura: menawa alane liyan uga amarga tumindak kita kang uga kleru. Laku sabar lan narima bisa dadi sarana nyawang dhiri pribadi. (28)

- Dhoni Zustiyantoro, mulang ing Program Studi Sastra Jawa lan panaliti ing Pusat Kajian Budaya Pesisir Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang


Berita Terkait
Baca Juga
Komentar