PRINGGITAN

Para Taruna

Saroni Asikin

SAWIJINING dina ana ibu-ibu kang ngudarasa menawa dheweke krasa mangmang lan sumelang nuhoni regejegan ing tlathah medsos. Waktu semana, pemilihan presiden kang ngadepake Jokowi-Prabowo jilid kaping kalih lagi rame-ramene, kususe regejegan kang kalebu mirisake antara klompok kasebut cebong lan kampret.

”Aku sumelang yen anakku dadi melu-melu regejegan kang mangkono,” ujare. ”Umuran pira?” ”SMA.” ”Wah, ora prelu kuatir, ora usah sumelang, Jeng,” clathuku, ”Cah-cah umuran sakmono iku ora prelu dikuatirake melu-melu regejegan.” ”Geneya?” ”Sakngertiku, cah-cah umuran remaja iku asik karo dunyane dhewe. Yen ora nge-game ya narsis-narsisan nang Instagram. Lah sing luwih tuwa kaya dene mahasiswa anyaran uga esih asik karo dunyane dhewe.

Yen ora nge-game ya colong-colongan mbuka situs porno.” Sakjane caturanku marang ibu-ibu iku kalebu mung kanggo nglipur dheweke. Aku durung nate naliti kang tumemen babagan polah-tingkahe para taruna ing tlathah medsos. Bisa dikandaake, kuwi mijil saka pangamatanku kang bisa kasebut sakkedep-rong kedeping netra tumrap sapa kang demen regejegan ing medsos. ”Sing regejegan iku kethoke kok nom-noman watara umur 24 nganti 30-an. Lulus kuliah tapi angel golek pegawean lan durung wani rabi.” Ibu-ibu iku gumuyu. Aku bombong, paling ora panglipurku kasembadan.

Bener-orane sapa kang karep, mangga talitinen. Watara rong minggu iki, meh saben dina aku ketemu non-noman usia SMA lan mahasiswa anyaran, ing pakuliyahan lan pelatihan nulis. Kala-kala aku nyritaake kahanan jaman regejegan merga pilpres, utawa isu-isu rame kang nyrempet-nyrempet prekara agama kaya dene prilaku saperangan uwong kang demen ngapir-ngapirke utawa mbidngah-mbidngahe wong liya. Umume bocah-bocah kuwi ora menehi wangsulan yen ditakoni apa ngerti prekara kuwi. Ana siji-loro kang wangsulan: nate krungu tapi ora perduli. Senajan yen dietung cacahe cah-cah kang daktakoni mung ana rongatusan, aku nduwe panemu apa kang nate dakkandake marang ibu-ibu iku kabukti.

Minangka wong tuwa kang nduwe anak sakpantaran karo bocah-bocah sing lagi dakkandake iku, apa aku kudu seneng utawa ora prelu kuatir lan sumelang kaya sing dakkandaake? Ora ngerti utawa ora perduline cahcah kuwi apa ora nandaake prilaku kang ora perduli marang liyan, ora nggagas marang kasunyatan saben dinane? Asik karo dunyane dhewe apa ora kalebu sikap individualistis, sikap kang nggawe prihatin ing urip bebrayan? Kasunyatan liya kang daktemoni watara rong minggu iki cekak-aose nggawe atiku mongkog. Paling ora minangka wong tuwa, uga minangka wong kang lagi kadhapuk mulang saperangan mahasiswa, aku nemoni nom-noman (kalebu para remaja) kang nduwe greget gedhe ing babagan alam pasinaon, ing gladhen kawruh lan elmu.

Kadhapuk dadi juri Lomba Esai Remaja kang kagelar dening Balai Bahasa Jateng, aku maca 70-an tulisan kang bisa ngunggahake rasa optimistis menawa bocahbocah kuwi ora turu, ora mung asik karo dunyane dhewe. Cekak-aose, bocah-bocah iku kritis lan perduli tumrap kasunyatan, tumrap bebrayan. Senajan carane nulis kalebu esih prelu kagladhen kanthi tumemen, ananging isine rata-rata ngritik samubarang kang kaanggep kleru. Iku mono prekara kang apik. Apa maneh salah sijine kang melu lomba lan kadhapuk dadi pinalis (nomine) kalebu esih kelas VII utawa kelas siji SMP. Wah, olehe maparake ing ngarepe dewan juri lan peserta liyane uga ora nguciwaake.

Senajan katemtoake dadi juwara kaping wolu, aku menehi apresiasi kang gedhe marang dheweke amarga aku dadi nduwe panemu yen tembung ”pemuda harapan bangsa” esih ana werdine. Ing tlathah liyane, aku mulang para karyawan kang nyambi kuliyah ing Universitas Ngudi Waluyo (UNW). Waktu ditawani mulang para karyawan dening Bu Manda, Kaprodi Teknik Informatika, aku mbayangake para mahasiswa kuwi wis kalebu tuwa-tuwa. Kuliyahe ing wayah bubar magrib nganti watara gagat wengi utawa tumuju tabuh 10 wengi. Sapa kang daktemoni jebul para karyawan kang umuran antara 21-23 taun. Saka 25 mahasiswa, 20 kuwi karyawati ing saperangan perusahaan.

Sewaktu tetepungan ing pakuliyahan kapisanan, umume omahe adohadoh lan nglaju tumuju kampus. Atiku radha kacenthok sewaktu aku nakoni kepriye carane mbagi wektu. Geneya? Umume nom-noman kuwi kudu kerja saka isuk nganti sore, malah sok-sok lemburan nganti wengi. Sawise makarya kasambung teka kuliyah kang rata-rata bubar ing wayah gagat wengi kuwi, motoran tumuju omah apa omah kose dhewe-dhewe.

Siji kang daksimpulake: ora saben uwong, apa maneh nom-noman kang gelem nglakoni kaya para karyawati-karyawan kang dakcritaake kuwi. Yen ndeleng pasuryane mahasiswi-mahasiswa kuwi kang sarwasumunar, katon seneng ing pasinaon, senajan mesthine awake ya lungkrah-kesel bubar nyambut gawe, aku mung bisa mbathin yen awake dhewe ora kudu nguatirake para taruna. Bocah-bocah kuwi esih nduwe greget lan tansah gumregah kanggo mamayu hayuning urip. (28)


Berita Terkait
Baca Juga
Komentar