BLENCONG

Entuk Pulut Tanpa Nangka

Dening Danang Cahya Firmansah

Nalika srengenge mlethek, Drupadi wis melek. Pikirane ngulandara, nggrentes lan ndresula. Nanging kanggo apa yen uneguneg mung saderma manggon jroning dhadha? Kudune uneg-uneg iku ditokke, supaya lega, batine Drupadi. Ing wanci iku Drupadi bakal nulis kanggo Manuhara, kang uga sisihane Arjuna. Drupadi miwiti nyerat, sadurunge Bharatayuda lumaku ing Padhang Kurusetra.

***

Manuhara dulurku, aku iki wanita sing wis kebacut ala. Dadi kembang lambe ing satengahing bebrayan. Sapa sing ora nyacat ala, wanita kang nduwe sisihan cacah lima? Nanging kabeh padha ora mangerteni sabenere. Wong padha nyacat iku akehe mung saka jarene. Ora preduli apa nyatane, yen wong-wong padha ngomongke, iku kaya wis dadi kabar kang mesthi benere. Manuhara, pancen bener dawane kali iku isih dawa lathine manungsa. Kabar ngenani awakku wis elek ana ing endi-endi. Swaraswara kang nyacat, ngelek-elek kabeh lakuku.

Swara iku cepet nyebar, banter kaya banyu kang mili ing kali tanpa kalingan watu apadene kayu. Sadurunge iki aku durung tau ngomong karo sapa ae, kalebu para sisihanku. Aku mung arep crita karo awakmu. Awakmu kang padha-padha wanita, muga bisa ngerti apa sing takrasa. Aku ngomong nganggo rasa muga tinampa mawi rasa. Saiki sapa sing ora nggrentes, yen aku dicap wanita ala.

Merga apa? Apa merga sisihanku lima? Kabeh iku mung kesrakat kahanan. Aku tan kuwawa ngadhepi kahanan. Arjuna mboyong aku ing sayembara. Nalika iku, paraga liyane Pandhawa ngerti, meri, banjur bakal dadi bilahi ing keluwargane Dewi Kunthi. Aku dadi rebut, kang agawe keluwarga ribet banjur angributi. Aku nangis ing sadawane wengi, nalika Pandhawa padha sarujuk yen aku kang mung raga siji iki, ati kang mung siji dadi sisihane satriya lima.

Oh, Manuhara, Dewi Kunthi nangisi aku supaya manut. Dalan endi sing kudu tak-ambah? Aku ora mangerti. Peteng ndhedhet ngalingi netra. Dewi Kunthi kang dadi punjere keluwarga akire nawani aku supaya dadi sisihane putra-putrane. Semono uga aku ora bisa nampik, awit aku ketali adat. Adat kang kudu patuh apa kang wis tinitah. Ramaku, Prabu Drupada mung manthuk tandha sarujuk, awit wis kawetu tembung, yen sapa sing bisa menangke sayembara bisa mboyong aku.

Tegese, aku wis dudu duwene ramaku. Wanita ing endi papan lan jaman, kenapa mesthi dadi keseting suku? Aku arep nampik iki. Nanging tan kuwawa. Aku bakal bengok nanging tanpa daya. Swaraku katahan jroning dhadha. Najan mengkono apa aku wis kalebu nglawan? Yen bengokku iki mung ana ing dhadha? Wektu lumaku, aku katali janji, dadi sisihane wong lima. Najan ati siji, raga siji nanging bener-bener tan kuwawa.

Bisa ae pancen jangkahku kleru. Dene wektu terus lumaku, kabar ngenani awakku kang ala saya seru. Puntadewa, Werkudara, Arjuna, Nakula lan Sadewa ora mangerti apa sing takrasa. Sapa sing ora lara ketula-tula katali, yen wanita wis kadung dicap ala? Sanyatane aku iki kang mbelani lakune para Pandhawa. Rina lan wengi, para satriya iku aku kang dadi panjurunge semangat, aku kang ing wuri menehi daya muga handayani lakune kastriya lima.

Pandhawa padha kuwat, teteg tanggon ngadhepi sakabehe pepalang, ridhu pangridhu. Nanging sapa sing oleh jeneng? Kabeh ya sisihan-sisihanku. Aku mung entuk pulut tanpa nangka. Pulut kang mliket ing rasa gawe kajiret kabundhet. Apa wongwong iku mangerti ing sawalike kedaden iki? Apa mung nyawang ing kulite tanpa ngerti isi? Mesthi ae mengkono. Najan mengkono tetep ana kang mesakke marang aku.

Saperangan wong ngabarake yen aku mung sisihane Puntadewa. Dudu sisihane kabeh Pandhawa. Apa merga isin yen kabar iku nguncara, lan aku kecap ala? Oh, kenangapa Arjuna ora ditutupi yen duwe akeh sisihan? Apa pantes lan trep yen priyang nyandhang akeh wanita? Manuhara, kenapa wanita tetep dadi keset? Awakmu mesthi mangerti, uga ngrasa nalika dadi sisihane Arjuna.

Ya, awakmu tetep kena cap ala. Nanging Arjuna sing duwe sisihan tan bisa kaetung driji malah katon gagah, ngrasa bungah. Kabeh iku kenapa Manuhara? Apa dadi wanita iku salah? Manuhara, kanthi layang iki aku pengin ngudarasa, supaya sapa ae wanita, ing endi papan lan jaman, bisa padha drajate karo priya. Manuhara, aku mung bisa nyerat mengkene. Muga awakmu bisa kang saluwihe... (28)

- Danang Cahya Firmansah, alumnus Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa Universitas Negeri Semarang


Berita Terkait
Baca Juga
Komentar