Sekti nanging (Ora) Mateni

Dening Dhoni Zustiyantoro

Ing medhia sosial sawetara wektu wingi, Presidhen Joko Widodo ngendika nganggo basa Jawa, “Lamun sira sekti aja mateni.” Nanging, nganti kahanan kang kepriye kita ora dikeparengake “mateni” mungsuh? Kamangka ing perangan liya uga ana unen-unen, “Yen wani aja wediwedi, yen wedi aja wani-wani.” Ateges, sapa wae kang wis milih lumebu sajrone palagan kudu bisa naker sepira dayane mungsuh kang diadhepi.

Saliyane iku, paprangan — ing apa wae dununge (kontekse) — mesthi dilakoni kanthi tumemen lan ora kena minggrang-minggring. Kabeh daya lan upaya kudu digunakake kanggo menang. Nganti kene, mung ana loro bab kang bisa dipilih: mukti apa mati.

Mukti lan menang uga dadi sarana ngatonake kadigdayan, sanajan uga ana unen-unen “menang dadi awu, kalah dadi areng”, menang lan kalah iku padha wae. Paprangan mung ngatonake mundure moral. Nanging, sajrone laku politik, kabeh unen-unen kang magepokan marang moralitas iku sejatine ora patia digape.

Miturut para pragmatis, yaiku wong-wong kang tansah nengenake babagan ancas dhiri pribadi amarga mung golek cepet lan praktis, apa wae kudu dilakoni supaya bisa menang. Kita mangerteni banjur kahanan politik ing maneka palagan rebut kuwasa ngatonake cara-cara kang ora becik.

Iku sanajan saben wong kang wis milih mlebu palagan ngandharake yen duwe ancas becik. Ya, kita mangerteni Joko Widodo bisa ngendikake tembung kaya ing dhuwur amarga panjenengane pancen wong Jawa. Nanging, sanajan mangkono, apa kang diandharake sejatine ngemot teges kang umum utawa universal lan bisa tinampa dening bebrayan sajabane kabudayan Jawa.

Sabab, ana perangan pitutur kang nengenake sipat kaprasajan saengga bisa dadi laku bebrayan. Dikarepake, kanthi mangkono kita bisa tumindak tanpa “paten-pinaten” lan nengenake sipat kamanungsan. Temtu wae, apa kang sinebut “mateni” ing ndhuwur uga ora mesthi kudu merjaya nganti ilange nyawa saga raga.

Nanging, mateni uga bisa maneka teges, kaya ilange jabatan, pakaryan, lan liyane. Ing kene, Presidhen sejatine kepengin mesthik salah siji piwulang menawa manungsa kudu bisa mbedakake babagan ala lan becik, nanging tetep nengenake bab kamanungsan.

Ing perangan liya bisa uga sinebut menang tanpa ngasorake. Piwulang lan budi luhur iku mawujud sajrone laku kang bisa dadi tuladha amarga manungsa ora mung nduweni kaprigelan lumantar cara pamikir, nanging uga babagan kaprigelan ngendhaleni emosi lan spiritual. “Banter tanpa nglancangi, pinter tanpa minteri,” mangkono kanggo jangkepi tembung Joko Widodo.

Tumindak Sengkuni

Kita bisa meruhi kahanan patenpinaten iku ing antarane saka jagad pakeliran. Sajrone lakon Sengkuni Gugur, kita diweruhi gegambaran kepriye para Pandhawa pancen ditakdirake kudu merjaya Sengkuni kang dadi gegambaran sipat licik iku. Ya, suwene iki kita mangerteni menawa wayang dadi sarana pasinaon kang ala lan becik.

Maneka tumindak ala bakal sirna, lan kang becik bisa ngrembaka. Akeh dhalang kang mbabar yen nalika dina pungkasan perang Bharatayuda, Sengkuni diperjaya dening Bima. Awake ajur-mumur lan dibuwang. Nanging, kita bisa jipuk dudutan menawa sipate kang licik tur seneng adu-adu dipercaya ora bakal ilang nganti kukuting donya.

Sadurunge iku, Bima golek cara supaya bisa ngilangi nyawa mungsuh bebuyutan para Pandhawa iku. Sengkuni pancen nduweni kasekten saengga nganggo cara apa wae, nyatane Bima ora bisa merjaya. Ing dina pungkasan, yaiku kaping 18, Semar paring dhawuh yen pengapusan Sengkuni ana ing dubure.

Jalaran, biyene ya mung perangan iku kang ora kena minyak tala, pusaka tilarane Pandu kang dititipake menyang Dretarasta kanggo Pandhawa. Minyak tala wektu iku dadi rebutan anak-anak Dretarasta, ya para Kurawa. Nanging dhasare Sengkuni duweni pepinginan gedhe kanggo duweni pusaka, dheweke banjur nyenggol wadhah kang lagi digawa Dretarastra.

Cupu kang isine minyak tala wutah sanalika. Sengkuni banjur wuda lan ngguling- nggulingake awak sadhuwure minyak. Asile, dheweke dadi sekti. Kulite kandel lan kebal marang gaman awujud apa wae. Banjur, nalika lungguh ana ing dhampar kepatihan, Sengkuni mesthi wae gawe ontran-ontran supaya keluwarga Pandu karo Dretarastra tansah mungsuhan.

Apamaneh sawise bapak para Pandhawa seda. Saya-saya kanggo ngganti pucuk pimpinan Ngastina, Dretarastra kang wuta diangkat lan diangkat dadi raja. Nalikane Dretarastra kepengin mbalikake tahta Ngastina marang Pandhawa, Sengkuni wis duwe skenario. Ngajak supaya padha kumpul ana salah sijine acara kang digawe ana Bale Sigala-gala. Sawise padha kumpul neng papan kono, bale banjur diobong.

Niyate supaya Pandhawa musnah gagal amarga Pandhawa ditulungi dening para leluhure. Liwat dolanan dadu, Sengkuni uga tau nyuba ngrubuhake Pandhawa. Dheweke ngakali supaya bisa menang. Asile, Pandhawa kang kalah kudu lunga menyang alas 12 taun suwene. Kulawarga Pandhawa kaya-kaya tansah dadi reh-rehane para Kurawa.

Nanging, nalika Sengkuni isa ngrayu Pandhita Durna supaya nyingkirake Bima kanthi cara golek “kayu gung susuhing angin”, Bima malah duweni kasekten kang ora ana tandhingane. Durna kang dianggep guru sejati dening Bima, dhawuh supaya nglakoni sakeh pacuban kang ora lumrah dilakoni manungsa. Saka iku, Bima malah entuk — kaya kang asring dicritakake dhalang — kawruh sejatine urip, yaiku Dewa Ruci.

Pancen, sabisa-bisa kita ora dikeparengake nglancangi, minteri, luwih-luwih mateni. Nanging nalika kabeh wis klewat wates, luwihluwih magepokan marang bab kang luwih jembar, menawa ora an acara liya. Ya, supaya dadi pasinaon, pangeling- eling, lan ora ditindakake dening generasi sawise.

- Dhoni Zustiyantoro, mulang ing Program Studi Sastra Jawa lan panaliti ing Pusat Kajian Budaya Pesisir Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang


Berita Terkait
Baca Juga
Komentar