Blencong

Cebol Nggayuh Lintang

Dening Danang Cahya Firmansah

Petruk lungguh sila kanthi jejeg madhep wetan. Tangane ing ngisor puser. Tlapak tangan kiwa tumumpang tlapak tangan tengen. Saiki wis siyaga mandeng pucuking grana. Nanging ambegane isih kasengal-sengal, merga pamikire ruwet. Mikirke kahanan. Banjur dibaleni maneh anggone mandeng pucuking grana, mesatke pikir ing mlebu metune napas. Tetep angel anggone ngleremke pikir. Banyu buthek angel dadi bening. Petruk banjur tangi, ora sida neruske semedi. Ruwete pamikir kudu diuculi. Mula ing wengi iku Petruk lunga nemoni Gareng. Gareng gumun, kenangapa tengah ratri kaya ngono Petruk nekani? Apa ana prelu kang wigati? Gareng wis ora sabar pengin tepung kasur lan bantal, nanging Petruk teka, gawe pengine wurung sawetara. Ing ngarepe, Petruk wis lungguh. Sedhakep. "Arep apa wengi-wengi teka? Ngganggu wong turu!" ature Gareng sugal. "Reng, aku rene iki kanthi maksud kang becik, ora mung dolan. Tulung rungokna tenananÖ." Petruk malah meneng ora neruske ucape. Petruk pancen bingung anggone ngomong, aja-aja sing diomongke salah. Aja-aja sing diomongke ora dadi sarujuke Gareng. ìBener apa ora aku kudu ngomong saiki?î pikire Petruk bola-bali. Gareng malah nyawang sedulure iku ngrumangsa aneh. Ora tau-taune Petruk aneh kaya mengkono. Gareng mbatin, iki mesthi ana masalah abot, Petruk mesthi bakal kena ukuman merga tumindake.

Gareng isih ngreka-reka, "Kenapa, Petruk?" Gareng nyawang tangane Petruk kang obahobah, lungguhe ya obah-obah. Petruk kaya nandang susah kang angel ditokke. "Heh kenangapa?" takone Gareng kang ora sabar pengin ngerti masalah kang nemahi. Petruk isih meneng. Tangane, sikile, lan awake menehi tandha marang Gareng yen nembe bingung. "RengÖ," ujare Petruk alon. "Ana, apa ta?" "Aku pengin dadi raja!" "Heh!" "Iya aku pengin dadi raja!" "Maksude?" "Maksude aku pengin dadi raja!" "La iya kenangapa?" Petruk meneng maneh. Gareng malah ngempet ngguyu. Batine misuh-misuh ngerti Petruk pengin dadi raja. Nanging pamikire durung marem merga ngerti jawabane kang mung mengkono. "Kenangapa?" "Aku ki pengin madegke kraton. Kraton kang nduwe perbawa. Rakyate ayem tentrem karta tur raharja." "Terus kowe bakal sapenake dhewe? Enakenak ing dhampar keprabon. Yen wengi dikancani para selir?" "Ora, Reng. Ora. Pokoke manunggaling warga gung alit wiwarang kamulyanÖ," ucape Petruk tegas, sing saiki ngadeg ing ndhuwur kursi sinambi methentheng, karo nuding-nuding, sinambi terus ngomong, ngetokke uneg-unege. Gareng gedheg-gedheg. Ngrumangsa apa sing Petruk omongke iku ora beda kaya cebol nggayuh lintang. Muspra. Ora kanggo pamikire wong cilik kang kedhuwuren panjangkah. "Heh, ora usah ngimpi. Madegke kraton iku ya ora gampang!" "La sapa sing ngomong gampang?" Petruk ujar sugal, isih methentheng. "Ora sah. Mendhing wurungke panjangkahmu. Iku mbebayani!"

"Gumolonge tekad wis nggempel dadi siji," ujare Petruk sinambi ngepelke tangan. Meneng sedhela, banjur neruske, "Najan langit udan jemparing, bakal taktrajang. Najan kinepung wakul binaya mangap, aku ora preduli." "Apa wong-wong ora padha ngarani yen kratonmu iku palsu? Kowe raja palsu?" Krungu omonge Gareng, Petruk langsung lungguh. Nanging tangane isih methentheng. "Mulane mula, wiwitane, kraton sing saiki sah lan resmi, kraton sing saiki dianggep warga kae biyen kepiye madege?" Gareng meneng ditakoni Petruk. "Biyen kae ya manungsa sing madegke. Kraton iku dudu tiban saka langit. Biyen kabeh kraton iku ya ora sah, nanging merga akeh wong sing sarujuk akire dadi sah, dadi resmi. Kowe ngerti kenangapa kraton kok dadi sah?" Petruk nerangke. Gareng nggleleng. Petruk neruske, "Merga akeh wong sing ngakoni. Coba yen sing ngakoni wong sithik, mesthi ae dianggep kraton palsu, rajane palsu. Merga ujare wong akeh iku sing dadi pathokan. Wani beda apa ora?" "Saiki kepiye carane supaya dipercaya wong akeh?"

Krungu pitakone Gareng, Petruk langsung madeg maneh ing kursi, sinambi methentheng, yen omong karo nuding-nuding. "Saiki kudu wani nerjang wewaler. Aku kudu ngeyakinke warga yen aku iki raja kang wicaksana. Raja kang bisa mrantasi keruwetan para warga, bisa gawe raharjaning warga. Mula yen kepethuk raja utawa punggawa kraton sing saiki, kudu wani. Aja nglokro!" "Kepiye carane ngeyakinke?" Gareng takon ndhedhes. Thok! Thok! Thok! Petruk lang Gereng noleh ning lawang. Sadurunge Gareng nyumanggakke, pawongan iku wis melbu. "Nuwun sewu, tamu 24 jam kedah lapuran kalih kula," ujare Pak RTkang nyawang Petruk. Petruk langsung lungguh. Petruk nyawang kumise Pak RT kaya uler keket. Dheweke banjur ndhingkluk lan njawab kanthi lirih, "Nggih." (28)

- Danang Cahya Firmansah, alumnus Jurusan Basa lan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa lan Seni, Universitas Negeri Semarang


Berita Terkait
Komentar