panel header


GUPAK PULUT ORA MANGAN NANGKANE
Capek Bekerja Tidak Dapat Hasilnya
panel menu
panel news ticker
Dapatkan Gratis Aplikasi Suaramerdeka untuk Android.
panel iklan Hosrizon
panel main 1
30 September 2012 | 13:18 wib
Paten-pinaten lan Aksara Jawa
image

(suaramerdeka.com/ karya Jompet Kuswidananto/ momardi.com)

Dening Eko Arifianto

Salah sijine desa ing Kabupaten Nusa Kendheng siseh kidul geger. Ana wong mati dikroyok tangga desa. Awake dhedhel dhuwel merga dibacok-bacok. Tugelan clurit iseh nancep ning sepedha motor sing ditumpaki. Geteh kenthel sing netes ning lemah dadi seksi raja pati bengi kuwi.

SAIKI pancen iseh akeh wong padha ngudi ngelmu kanuragan, aji jaya kawijayan, saka hizib nganti asmak. Ora wong desa thok, nanging uga wong kutha. Wong desa ngudi ngelmu nganggo tapa brata, semedi, nindakake laku supaya ora mempan mimis, ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda. Wong kutha, klebu para pangreh praja, lakune gawe peraturan, undhang- undhang lan kukum sing dikarepake isa dadi tameng nalika kena kasus.

Uga rerukunan karo aparat kukum supaya isa uwal saka pakunjaran, paling ora rada suda ukumane merga aparat kukum ewuhpekewuh, kelingan apa wae sing wis ditampa. "Apa wis rumangsa dhemen sampeyan dadi wong adigang, adigung, adiguna? Apa wis seneng ati sampeyan isa ngapusi lan nglarani atine liyan?" Saman takon karo ndeleng teleng mripate Mat Soleh, anggota DPRD Kabupaten Nusa Kendheng, sing mampir ning gubuge sakwise sakanca nekani panen raya melon.

"Ya sabenere iku kanggo mbentengi awakku, Kang, supaya slamet lan menang ngadhepi sapa wae. Iki politik, dadi ora isa dicampur karo agama," jawabe Mat Soleh.

"Agama kuwi ageman, sandhangane ati. Apa laku sampeyan wektu dadi pejabat kaya ngene iki beda karo wektu nindakake kuwajiban agama marang Gusti? Sing sampeyan karepake slamet saka apa? Menang ngadhepi sapa? Wong slamet lan menang iku balik marang awake dhewe. Ana seja ora tumeka, ana teka ora tumanja. Dhasare rasa semeleh mring panguwasane Gusti, becik apik marang liyan," ujare Saman.

"Iku wis dadi kuwajibanku minangka nayaka praja sing saben dina berpolitik, Kang. Karo sapa wae lan bab apa wae. Apa maneh wong biyasa kaya aku, wong ngalim wae ya isih kaya ngono. Nek aku kudu jujur, ya prekara siji iki, merga isih abot ndonyaku. Ngutamakake rebut bener lan panguwasa," semaure Mat Soleh karo ndhiluk semu isin.

"La iya bener kuwi rak mung siji. Kok dienggo rebutan wong akeh ki piye?" ujare Saman.

"Walah... lak aku kalah iki, Kang?” Mat Soleh mesem kecut merga kebedhol rasane.

"Iki ora kalah-kalahan. Aku mung ndunungake. Paribasane solat nganti bathuk sampeyan mlocot, nanging yen sampeyan ora laku becik lan ora ngreti dalan balik mring Gusti banjur kepriye? Akire bingung, kesasar. Kaya bingung ning alas, sampeyan ora ngreti dalan balik omah. Mangka jarene innalillahi wa’innalillaihi rajiun. Ingsun saka Gusti Allah lan marang Gusti Allah bakale balik. Yen arep dandan-dandan njaba kuwi becike mrenahake njero awake dhewe. Nek sampeyan mok ngingu aji-aji iku thok, ora eroh dalane balik marang Gusti Allah terus piye?" pitakonane Saman ndadekake Mat Soleh sakanca cep-klakep.

Mbokmenawa mikir njero awake dhewe-dhewe. Dipangku Mati. "Nek mungguh awakmu, apa wong Jawa iki pancen digarisake paten-pinaten, Man?” Srinthil, mbakyune Saman, nrambul rembugan sakwise mlebu nggawekake wedang. "Kenapa kowe takon kaya mangkono, Yu?" wangsulane Saman.

"Aku lagi ngangen-angen aksara Jawa. Uga lakon Dora lan Sembada, Ken Arok, Arya Penangsang, nganti tekane kedadeyan G30S patang puluh pitu taun kepungkur. Kira-kira apa kedadeyan sing ana kuwi duwe sesambungan karo aksara sing cacahe padha karo drijine menungsa iki?" sambunge Srinthil karo ndudohake driji tangane, banjur lungguh dhingklik kayu cedhak cendhela.

"Sakehing rupa bisa gawe tuladha waton bisa ndhapukake kemiripane, Yu. Kaya aksara Jawa, sing dipateni kuwi aksara sing ora kanggo. Seje karo menungsa, senajan dipateni ya tetap kanggo. Kanggo, nanging ya kudu dipateni. Merga yen gak ana sing dipateni, ora bisa nerusake laku unine wacanan mau," Saman semaur karo kaya nerawang mendhung sepisanan ning mangsa ketiga dawa iki.

"Nek sing dipateni kuwi salah sijine kanggone supaya tulisan sing ana kena diwaca, terus nek wis ana wacan kaya ngono apa ya arep paten-pinatenan maneh?" Srinthil takon maneh sinambi sluku.

"Ngene..., mateni kuwi butuh wektu saklakon nganti tamat. Nanging nek arep ana jejer lakon lan wacanan anyar, ya mesthi kudu ana sing diuripi lan sing dipateni. Merga iku wis genepe. Mung tembung nglegena lugu mligi sing ora kena dipateni. La aksara sing ora isa dipateni iku aksara sing iseh nglegena, mungguh gawe wacanan ya wacan sing nglegena," ujare Saman.

"Aksara nglegena lugu lan mligi sing ora kena dipateni kuwi contone piye, Man?" Srinthil takon maneh.

"Contone tembung ’Jawa’ lan ’tata cara’. Sakbenere iseh akeh tembung nglegena sumebar isa diwaca, nanging ora gampang dipateni merga gak salah," Saman mangsuli karo nyecek rokok klobote ning watu legok sing digawe asbak.

"La nek kaya mengkono, apa tegese aksara Jawa sing cacahe rong puluh iki isa dadi pasinaon, Kang?" Mat Soleh nyambung rembugan.

"Ya iku pancen dadi pertandane kahanan. Endi-endi wong sing iseh eling tata cara lan mbuktekake nglegenane mesthi ora ana dhasare paten-pinaten. Kejaba mati ngematna lan nyetitekake. Pati  patitis tekane janji pesthi," wangsulane Saman.

"Sing pisanan aku dunung, Man, merga kabeh sing ujud wong kuwi sedulur. Pancen nyubriyani liyan iku balike ning awake dhewe. Nggorohi liyan satemene padha karo nggorohi awake dhewe. Mbacok liyan padha karo mbacok awake dhewe. Aku dunung. Nanging sing kepindo lan katelu ngenani tembung kejaba mati ngematake lan nyetitekake, pati patitis tekane janji pesthi kuwi jlentrehe kepriye?" pitakone Srinthil.

"Ngene, Yu, iki seka tembung mati. Mat iku ngematake uripe. Ti iku nyetitekake tindak lakune. La lorolorone kuwi kanggo mapak patitise janji pesthi," kanthi alon lan runut Saman njlentrehake.

"Nek kaya ngono kuwi mungguhku bener nek wongwong sing padha milara tumekaning patine wong ning desa Kendheng siseh kidul kae padha diukum," Mat Soleh nambahi.

"Ya pancen kabeh wong bakal ngundhuh pakartine dhewe-dhewe. Kaya wong-wong sing padha patenpinaten nganggo gaman kuwi. Ya mesthine uga sing milara lan mateni kawit sithik kaya sing ditindakake wong-wong sing padha korupsi duwite rakyat," semaure Saman.

Ujare Saman sing pungkasan iku ndadekake Mat Soleh pandeng-pandengan karo kanca-kancane.


– Eko Arifianto, pangarsa Lembaga Kajian Kebudayaan dan Lingkungan Pasang Surut Blora Paten-pinaten lan Aksara Jawa Dening Eko Arifianto

(RED/CN27)
Untuk berita terbaru, ikuti kami di Twitter twitter dan Facebook Facebook
Bagi Anda pengguna ponsel, nikmati berita terkini lewat http://m.suaramerdeka.com
Dapatkan SM launcher untuk BlackBerry http://m.suaramerdeka.com/bb/bblauncher/SMLauncher.jad
Bookmark and Share
Baca Juga


Panel menu
04 September 2014 | 17:15 wib
Dibaca: 4580
image
03 September 2014 | 23:15 wib
Dibaca: 4283
image
31 Agustus 2014 | 18:24 wib
Dieng Culture Festival Sedot 26 Ribu Pengunjung
Ruwatan Rambut Gimbal Sebagai Puncak Acara
Dibaca: 4347
image
13 Mei 2014 | 22:25 wib
Dibaca: 10831
image
10 April 2014 | 19:05 wib
Dibaca: 11227
Panel menu tepopuler dan terkomentar
FOOTER