panel header
CRAH AGAWE BUBRAH
Bercerai Kita Runtuh
panel menu
panel news ticker
EKSPRESIKAN SAYANGMU... Ngucapin Valentine dapat hadiah? Yok Ikutan...!! Caranya mudah: (1) Bikin video ucapan kasih sayang durasi 1 menit. (2) Kirimkan ke wall facebook Suara Remaja atau share link Youtube ucapan kamu ke email suararemaja@ymail.com. Dapatkan modem, handphone, goodiebag, dan masih banyak lagi hadiah menarik. Ayo...buruan sekarang juga...!!
panel iklan Hosrizon
panel main 1
02 Mei 2010 | 03:14 wib
Dening Soedjarwo
Dhuwitkrasi

DEMOKRASI iku tegese pemerintahan oleh rakyat. Rakyat, utawa warganing negara kuwi, ing Indonesia cacahe akeh banget. Sing wenang nemtokake peprentahan dalah pemimpin-pemimpine iku rakyat. Rakyat duwe wakil-wakil ana parlemen, rakyat nduweni hak nemtokake presiden, gubernur, bupati, walikota, nganti tekan kepala desa. Calon presiden, calon gubernur, calon bupati, calon wali kota, bisa dadi presiden, gubernur, bupati, lan wali kota menawa kepilih dening sebagian gedhe rakyate. Calon presiden, calon gubernur, calon bupati, calon wali kota, lan liya-liyane bisa nglungguhi jabatan mau menawa entuk kapercayan saka sebageyan gedhe rakyate.  Lha yen wis kelakon nglungguhi jabatan mau, pemimpin-pemimpin mau isih diawasi dening wakil-wakil rakyat, kebijaksanaan-kebijaksanaane perlu disetujoni dening wakil-wakil rakyat.

Kawawas saka tujuwane, demokrasi iku pancen becik. Mula asas demokrasi iku dicakake uga ing sadhengah organisasi. Asas demokrasi dicakake ana babagan apa wae: pendidikan, ekonomi, sosial, kabudayan, lan liya-liyane
Nanging demokrasi iku uga werna-werna. Ana demokrasi liberal, ana demokrasi terpimpin, ana demokrasi Pancasila. Saliyane iku, demokrasi iku cak-cakane ora gampang. Becik lan alane lakuning peprintahan gumantung marang para pemimpine para wakil rakyat, partisipasi masyarakat klebu uga media massa.

Demokrasi iku uga bisa nuwuhake ekses-ekses kang satemene ora dikarepake dening demokrasi iku dhewe. Sawise masyarakat Indonesia dekendhaleni kanthi kenceng (terkekang) ing jaman Orde Baru biyen,  saiki akeh kang padha manfaatake kebebasan, umpane: kebebasan demo, kebebasan ora setuju karo kebijaksanaan pamarintah, kebebasan bersaing, kebebasan rebutan panguasa, lan liya-liyane. Ing tayangan televisi asring kita pirsani anane udreg-udregan ing antarane pendemo karo pulisi, antarane pedagang kakilima karo satpam, tawuran ing antarane mahasiswa, utawa pelajar, sarta tawuran ing antarane kelompok masyarakat siji lan sijine.

Menawa ana tetandingan bal-balan sing bertanding ora mung pemain, nanging uga para suporter. Kabeh udreg-udregan mau ora mung gawe maceting lalu lintas naging uga gawe rusak ing pager, jendela omah, kendaraan, sarta sepur sing ditumpaki dening para bonek. Sing padha nandhang tatu tarkadhang ya ora sethithik cacahe.

Mula tembung demokrasi sok diplesedake dadi democrazy utawa demo dianggep singkatan saka tembung demonstrasi utawa unjuk rasa lan krasi. Lha judul tulisan ing kolom iki duwitkrasi, saka tembung dhuwit lan krasi, aja kleru karo dhuwit lan trasi, yaiku dhuwit kanggo tuku trasi. Dhuwitkrasi iku pamerintahan sing dikendaleni dening dhuwit. Kanyatane, saiki-iki menawa kepingin kapilih dadi pejabat iku modale ora setithik. Ana sing jenenge tim sukses sing mbutuhake dhuwit akeh. Kanggo pasang baliho, pasang iklan, kanggo usaha golek calon pemilih sak akeh-akehe, perlu dhuwit sing cacahe akeh banget, ora mung atusan yuta, nanging terkadang nganti milyaran malah trilyunan. Para pemilih yen ora oleh apa-apa ya luwih becik ora milih, saya yen mung diobrali janji-janji sing durung mesthi kaleksanane. Mula pemilihan umum iku dadi ajang perange dhuwit karo dhuwit. Sanajan sing duwe seponsor dhuwite ya akeh, nanging menawa wis kepilih dhuwit mau kayadene piutang sing kudu dibalekake, senajan ora arupa dhuwit. Kanggone sing kalah kahanane luwih rekasa. Kamangka sing menang mung sepasang dene sing kalah pirang-pirang pasang.

Muga-muga plesetan mau ora bener. Iki mung plesetan, kang saliyane kanggo geguyon ya isi pepenget supaya manungsa ora banget-banget dikendhaleni  dening dhuwit, utamane ing babagan politik. (35)

(/Teguh Wirawan)
Untuk berita terbaru, ikuti kami di Twitter twitter dan Facebook Facebook
Bagi Anda pengguna ponsel, nikmati berita terkini lewat http://m.suaramerdeka.com
Dapatkan SM launcher untuk BlackBerry http://m.suaramerdeka.com/bb/bblauncher/SMLauncher.jad
Bookmark and Share
Baca Juga


Panel menu
image
18 Februari 2012 | 12:49 wib
Dibaca: 853
image
05 Februari 2012 | 19:16 wib
Dibaca: 774
image
05 Februari 2012 | 19:07 wib
Dibaca: 537
image
18 Januari 2012 | 10:39 wib
Dibaca: 1097
image
13 Januari 2012 | 18:01 wib
Perayaan Tradisi Yaqowiyu
Bawa Balita pun Ikut Berdesakan
Dibaca: 1101
Panel menu tepopuler dan terkomentar
18 Februari 2012 | 12:49 wib
05 Februari 2012 | 19:16 wib
FOOTER