
TUMRAP pegawai negri sipil (PNS) utawa karyawan swasta, pensiun iku tegese wis leren olehe nyambut gawe utawa wis ora cekel gawe maneh. Apa sebabe kok dipensiun? Amarga wis tuwa, kawawas wis ora bisa nindakake pagaweyan kanthi becik. Tenagane wis akeh sudane, wis wayahe ngaso, wis ora keconggah nindakake pagaweyan.
Syarat umur kanggo pensiun iku ing antarane pegawe negri ora padha. Umume pegawai pensiun yen wis ngancik umur 56 taun. Tumrap guru yen wis umur sewidak, dene dosen yen wis sewidak lima. Beda-bedane umur kanggo pensiun mau ditemtokake karo keh-sithike kegiatan fisike. Gaweyan sing mbutuhake kerja fisik sing akeh pensiune luwih enom karo sing ora pati mbutuhake kerja fisik.
Tembunge kang luwih enak dirungokake, pensiun iku purnatugas, tegese olehe nindakake ayahaning negara wis rampung kanthi becik. Rehne wis ora nyambutgawe, pensiunan iku ora nampa gajih, sing ditampa ya mung uang pensiunan sing jumlahe luwih sithik yen katandhing karo gajih nalika isih aktif. Saliyane iku, tunjangan Ian dhuwit-dhuwit mirunggan liyane wis ora ditampa maneh. Mula sudaning penghasilan ya krasa banget. Untunge ing awal-awaling pensiun iku ana dhuwit tabungan pensiun.
Rehne wis tuwa, pensiunan iku kebutuhane ya wis suda. Anak wis gedhe-gedhe, malah ana sing wis padha mentas, dadi ya wis ora mbutuhake ragad, tarkadhang malah ana sing bisa “mensiun” wong tuwane. Yen kawawas saklebatan dadi wong pensiunan iku kepenak. Pensiunan iku merdika, ora dioyak-oyak pagaweyan.
Pensiunan iku ora kudu tangi esuk saben dina, ora kudu ngantor, bebas olehe arep nanjakake wektune. Yen nalika isih aktif biyen yen arep lelungan kudu golek dina libur, sawise pensiun bebas kapan bae bisa.
***
Ewadene, kanggone sing lagi anyaran pensiun ana bab-bab kang kurang nyenengake. Ora mung bab sudaning pametu, nanging uga ilange papan kanggo srawung saben dinane. Donyane krasa saya ciut, mung winates ing sajroning omah Ian tangga teparo. Anak-anake wis padha manggon ing liya papan ing omahe dhewe-dhewe. Mula uripe krasa,tambah sepi.
Kanggone sing maune duwe panguwasa, sing maune dadi pejabat, pensiun iku nuwuhake “post power syndrom”. Yen nalika isih aktif bisa mrentah anak buah, sawise pensiun wis ora ana sing bisa diprentah. Nalika isih aktif tansah diurmati, sawise pensiun wong-wong sing urmat Ian ngajeni mau wis ora tau ketemu.
Wong sing arep pensiun iku kudu tata-tata ngadhepi kahanan kang beda karo sadurunge. Atine perlu ditata supaya bisa nampa kahanan kang anyar mau klayan eklas. Satemene wong urip iku akeh banget kang bisa ditindakake. Akeh rencana-rencana Ian pepenginan sing durung kober ditindakake nalika isih aktif biyen. Pakaryan utawa kasenengan sing ora abot nanging bisa gawe senenging ati bisa katindakake. Kebutuhan kanggo sosialisasi, kebutuhan kanggo srawung, bisa dicukupi ing organisasi wredhatama utawa lingkungan masyarakat liyane.
Pensiun iku istirahat, pensiun iku merdika, pensiun iku nikmati sisaning umur. Nanging uga ana sing bingung marga ora ngerti kamardikan mau arep kanggo apa. Ing crita wayang Ian crita liyane, ratu sing lengser keprabon iku banjur madeg dadi pandhita.
Mangkono uga wong sing wis pensiun iku perlu nengenake bab-bab sing magepokan karo karohanen. Pensiun iku wektu kanggo mawas dhiri, meleng cipta, nggedhekake panembah, supaya uripe luwih piguna kanggo bebrayan agung Ian tansah amemayu hayuning bawana. (35)