
OMAH iku papan kang awujud wewangunan sing dianggo ngeyup, kanggo istirahat, kanggo makarya, kanggo mbangun kulawarga, lan liya-liyane. Sing manggon ana omah kuwi biasane bapak-ibu dalah putra-putrane. Sing manggon ing omah iku diarani somah (sa-omah) utawa batih. Jaka utawa prawan yen wis cukup umure lan nyukupi sarat-sarate padha omah-omah utawa mbangun balewisma. Omah-omah iku ora ateges kudu duwe omah dhewe, bisa bae isih dadi siji karo wong tuwa utawa maratuwane. Yen kulawarga iku diarani somah, bojo (lanang utawa wadon) dikramakake semah.
Ing basa Inggris ana tembung ‘’house’’ lan ‘’home’’. House iku bangunan fisike, dene home luwih nengenake hubungan batin antarane sing manggon ing omah kuwi lan omahe. Mulih iku ora ‘’to go to the house’’ nanging ‘’to go home’’. Ing basa Indonesia ana tembung ‘’kampung halaman’’ sing tansah dikangeni nalika lagi ana paran.
Ing basa Jawa tembung ‘’mulih’’ ngandhut rasa seneng. Kanggo sing omahe cedhak, mulih iku uwal saka pagaweyan, uwal saka pelajaran. Yen wis mulih ana ngomah bisa istirahat utawa nindakake apa bae. Kanggone sing sekolah utawa sing nyambut gawe ana kutha liya, mulih iku bisa ketemu karo wong-wong sing dikangeni.
Tradisi mudik iku isih diugemi tumrape wong-wong sing manggon ing kutha liya. Kaya-kaya mulih menyang omahe dhewe iku durung nduweni teges mulih yen durung mulih menyang desa utawa kutha asale lan ketemu karo wong tuwa apadene sedulur-sedulur sing isih manggon ana kono.
Ing sakiwa-tengene dina Lebaran akeh wong sing padha mudik bali menyang papan asale. Senajan wis ngumbara tekan ngendi bae, wong Jawa isih ngrasa anane sesambungan karo papan asal dalah sanak-sedulure. Mudik iku kebak romantika, kebak nostalgia, rasa kangen marang tanah asal dalah sedulur-sedulur sing isih manggon ana kono. Sanajan wis makarya lan manggon ing papan kang adoh, wong mau isih rumangsa dadi bageyaning keluarga besar utawa trah kang ing antarane isih ana kang manggon ing papan asal mau.
Nalika jaman isih sekolah biyen, sing diarep-arep mung dina Setu, amarga ya dina iku sing sekolah ana kutha liya duwe wektu kanggo mulih. Senajan saka kutha menyang omahe iku adoh, gek sebageyan dalane ana sing ndeder utawa nanjak kamangka mung numpak sepedha onthel, ya katindakake kanthi senenging ati. Mangkono uga nalika wis nyambutgawe ing kutha kang luwih adoh, mulih iku krasa luwih perlu, amarga wong tuwa wis saya sepuh, sedulur-sedulur arang ketemu.
Nanging mulih iku satemene ora mung bali menyang omah lawas. Senajan omahe isih ana, nanging yen sing manggon biyen wis padha ora ana, kaya-kaya mulih iku wis kelangan maknane. Omah iku kari wewangunan fisik senajan isih nukulake kenang-kenangan sing nuwuhake rasa kangen marang wektu-wektu kepungkur sing ora bakal bisa bali maneh. (35)