
SABDA pandhita ratu iku sabdaning pandhita utawa ratu. Sabda iku tembung-tembung utawa ukara sing diwedharake ing lesan. Sabda iku nduweni nilai sakral, beda karo wong guneman biasa. Luwih-luwih menawa sing paring sabda iku pendhita utawa ratu. Sabda mau kudu diwujudi, ora mung mandheg ing lesan. Apa kang sinabda kudu dileksanani, tembunge ing basa Indonesia ”satunya kata dan perbuatan”. Pendhita utawa ratu, yen saiki ya para pemimpin, yen ngendika ora kena wola-wali. Pemimpin iku kudu kena digondheli tembunge, dadi ora mencla-mencle esuk dhele sore tempe.
Pendhita, ratu, pemimpin, iku ora kena tumindak lelamisan. Amarga kepengin dipilih dadi pemimpin banjur obral janji, kamangka janji-janji mau durung mesthi bisa diwujudi. Wong sok njanjeni werna-werna supaya sing dijanjeni mau gelem nuruti kekarepane. Upamane: nek kowe gelem takpek bojo suk takgawekake omah gedhe lan taktukokake mobil mersi. Menawa janji mau bisa diwujudi, ya apik bae, nanging menawa sabanjure mung mandheg janji, bisa gawe rusake bale wisma. Andhakane, yen kekarepane durung keturutan kaya-kaya janji mau ya bakal diwujudi temenan. Nanging menawa wis keturutan, janji mau banjur dadi luntur utawa ngalami distorsi.
Janji kuwi pancen abot sanggane, mula aja gampang ngucapake utawa menehi janji. Janji iku, luwih-luwih janji marang anake dhewe, luwih becik dibatin bae. Upamane: yen aku klakon munggah pangkat aku taknyumbang asrama yatim-piatu, yen anakku lulus sarjana taknanggap wayang, lan liyane.
Ing donyaning pewayangan, Prabu Dasarata kepengin supaya putrane, Rama, bisa nggenteni dadi ratu ana ing Ayodya. Nanging kaya ngapa sengkeling panggalihe nalika garwane, Dewi Kekeyi, ngelingake menawa nalika arep mundhut garwa biyen panjenengane wis janji menawa sing bakal nggenteni dadi ratu putrane saka Dewi Kekeyi. Sabda pandhita ratu, Prabu Dasarata kudu netepi janjine.
Banjur kepriye mungguh janjine para capres lan cawapres nalika kampanye biyen? Tumrape sing kepilih janji-janji mau mujudake sabda pandhita ratu, dadi janji-janji mau kudu diwujudi. Ya mung masyarakat iku gampang lali, yen ana kedadeyan-kedadeyan anyar, sing wis kepungkur iku banjur kesilep, prekara sing diadhepi wis beda maneh, masyarakat banjur lali lan ora padha nagih janji.
Bab panguwasa, bab rebutan swarane rakyat, iku klebu prekara politik. Politik iku pancen kebak siasat, strategi, rekayasa, politik iku ”julig”. Saupama janji-janji mau bakal ora bisa diwujudi, mesthi bae ya ana dalih utawa alesane. Politikus iku duwe jurus-jurus kanggo ngendhani serangan.
Para pemimpin mau ora mung janji, malah gawe ”kontrak politik” karo sadhengah lapisan masyarakat. Menawa kepilih, kontrak kang luwih formal lan ditandatangani dening pihak-pihak sing gawe kontrak politik mau, satemene luwih kuwat katimbang mung janji.
Muga-muga bae pemimpin sing kepilih bisa nuhoni tetembungan ”sabda pandhita ratu”. (35)
(/)